17 Anggonira ngesah aja nganti nywara, aja nganakake patangisan kepaten; ubedna serbanira lan nganggoa trumpahira, aja nutupi rainira lan aja mangan roti palayadan.”
18 Esuke aku rembugan karo bangsa iku, sorene bojoku tinggal donya. Esuke ing dina candhake aku nglakoni apa kang kadhawuhake marang aku.
19 Bangsa iku banjur celathu marang aku: “Punapa panjenengan boten karsa paring sumerep dhateng kula, punapa tegesipun punika tumrap kula sadaya, dene panjenengan kok tumindak makaten?”
20 Banjur padha dakwangsuli mangkene: “Sang Yehuwah wus ngandika marang aku:
21 Kandhaa marang turune Israel: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Satemen-temene Ingsun bakal najisake papan pasuceningSun, kang dadi kaluhurane pangwasanira, kasenengane mripatira lan nyawanira; sarta anak-anakira lanang lan wadon kang padha sira tinggal iku bakal padha mati dening pedhang.
22 Ing kono kowe bakal padha nglakoni apa kang daktindakake: Raimu bakal ora padha koktutupi, lan kowe ora bakal padha mangan roti palayadan.
23 Sirahmu bakal padha kokenggoni serban lan sikilmu bakal kokenggoni trumpah; tuwin kowe ora bakal padha ngadhuh-adhuh utawa nangis. Nanging kowe bakal padha lebur ing sajroning paukumanmu lan kowe bakal padha genten ngesah.