6 Awit saka iku pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Bilai kutha kang kebak utang getih, kenceng kang nai ing jerone lan kang reregede ora ilang! Tengkelan-tengkelan mau entasen siji-siji ora usah ndadak milih-milih.
7 Amarga getih kang kailekake isih ana ing tengahe; anggone ngwutahake ana ing gunung parang kang gundhul. Ora kaesokake ing lemah, dimen kurugan ing lebu.
8 Mulane marga saka tuwuhing bebendu lan thukuling raos karsa ndhawahake piwales, Ingsun bakal ngwutahake getihe dhewe ing gunung parang kang gundhul supaya aja nganti ketutupan.
9 Mulane pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Bilai kutha kang kebak utang getih! Pawone bakal Sungedhekake.
10 Kayune tumpukana kang akeh, urubna genine, daginge dimen mateng temenan, duduhe buwangen, cikben balung-balunge padha gosong.
11 Kenceng kang kothong iku engkrengna ing geni mawa, supaya panas lan tembagane mengangah, satemah reregede ing jero sirna lan taiyenge ilang.
12 Nanging rekasaningSun iku tanpa guna, sabab taiyenge kang kandel iku ora gelem ilang, sanadyan ana ing sajroning geni.