Yeheskiel 25:3-9 JAV

3 Kandhaa marang bani Amon: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira ngucap kalawan sora: Sokur! Tumrap papan pasuceningSun, nalika kasucene dilanggar, lan tumrap tanah Israel, nalika kadadekake sepi mamring, sarta tumrap turune Yehuda, nalika kudu lunga menyang ing pambuwangan,

4 mulane lah Ingsun masrahake sira marang wong saka ing sisih wetan supaya dadi darbeke; iku bakal padha ngedegake tarube ana ing panggonanira lan mbangun papan padunungane; bakal mangan wowohanira tuwin ngombe susuning raja-kayanira.

5 Raba bakal Sundadekake pangonan unta sarta kutha-kuthane bani Amon Sundadekake plegunganing wedhus, tuwin sira bakal sumurup yen Ingsun iki Yehuwah.

6 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira keplok-keplok lan gedrug-gedrug sarta bungah ing sajroning atimu awit saka sangsaraning tanah Israel,

7 marga saka iku, lah Ingsun bakal ngagakake astaningSun nglawan sira lan sira bakal Sunpasrahake dadi jarahan marang suku-suku bangsa tuwin Sunsirnakake saka ing satengahing para bangsa sarta Sunbengkas saka ing antarane nagara-nagara; sira bakal Sunmusnakake. Ing kono sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”

8 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne Moab celathu: Lah turune Yehuda iku padha karo sakehing bangsa liya,

9 awit saka iku, lah tanahe pagunungan Moab bakal Sunblakake temah kutha-kuthane bakal ambruk, iya kutha-kuthane, ora ana kang ora, yaiku kang dadi rerengganing nagara iku: Bet-Yesimot, Baal-Meon lan Kiryataim.