3 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he Tirus. Ingsun bakal nimbali bangsa akeh, supaya padha nglawan sira, nganti kaya samodra kang metokake alun.
4 Iku bakal nyirnakake tembok-temboke Tirus lan ngrubuhake panggung-panggunge, lebuning tanahe bakal Sunbuwangi nganti resik tuwin Tirus bakal Sundadekake gunung parang kang gundhul.
5 Iku bakal dadi papan kanggo ngepe jala ana ing tengah samodra, awit Ingsun kang mangandikakake iku, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, iku bakal dadi jarahaning para bangsa.
6 Anak-anake wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang, satemah banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
7 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun nimbali Raja Nebukadnezar saka ing lor, ratu ing Babil, ratuning sakehe ratu, supaya nglawan Tirus kalawan nggawa jaran, kareta, prajurit jaranan lan wadya-bala sagelengan gedhe.
8 Anak-anakira wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang; Nebukadnezar bakal gawe tembok pangepungan lan nganakake piranti panjebol sarta masang tameng nglawan sira.
9 Totog-totog piranti panjebol bakal ditatabake marang tembok-tembokira, tuwin panggung-panggungira bakal karubuhake sarana linggise.