13 Sira iku ana ing patamanan Eden, yaiku patamananing Allahkang kebak ing sarupaning sesotya kang akeh ajine:jaspis abang, krisolit lan yaspis ijo,sesotya pirus, krisopras lan nefrit,lazurit, sesotya mirah lan malakit.Embanane kang kagawe emaslan iku dicawisake ing dina sira katitahake.
14 Sira Sunpapanake cedhak lan kerub kang rumeksasira iku ana ing gununging Allah kang sucilan mlaku-mlaku ana ing satengahing sesotyakang mencorong.
15 Tindak-tandukira tanpa cacadwiwit ing dina sira katitahakenganti sira tinemu nglakoni duraka.
16 Sarehne sira dagang gedhesira banjur atindak keras lan gawe dosa.Mulane sira tumuli Sunbuwangsaka ing gununging Allah,sarta kerub kang rumeksabanjur nyirnakake sirasaka ing satengahe sesotya kang mencorong.
17 Sira gumunggung marga saka endahing warnanira,kawicaksananira sira sirnakake demi kamulyanira.Mulane sira Sunbuwang marang ing bumi,Sunpasrahake marang para rajadadi tontonan ana ing ngarepe.
18 Marga saka akehe kesalahaniralan kaculikanira ing sajroning laku dagangsira nerak kasucening pasucenira.Awit saka iku Ingsun bakal ngurubake geni saka ing tengahira,kang bakal mangsa sira nganti entek.Sira Sunetogake, dadi awu ana ing bumiana ing ngarepe kabeh kang ndeleng sira.
19 Kabeh wong ing antarane para bangsa kang wanuh marang sirapadha kaget nyumurupi kaananira.Wekasaning uripira nukulake pagiristuwin sira sirna ing salawas-lawase.”