16 Sarehne sira dagang gedhesira banjur atindak keras lan gawe dosa.Mulane sira tumuli Sunbuwangsaka ing gununging Allah,sarta kerub kang rumeksabanjur nyirnakake sirasaka ing satengahe sesotya kang mencorong.
17 Sira gumunggung marga saka endahing warnanira,kawicaksananira sira sirnakake demi kamulyanira.Mulane sira Sunbuwang marang ing bumi,Sunpasrahake marang para rajadadi tontonan ana ing ngarepe.
18 Marga saka akehe kesalahaniralan kaculikanira ing sajroning laku dagangsira nerak kasucening pasucenira.Awit saka iku Ingsun bakal ngurubake geni saka ing tengahira,kang bakal mangsa sira nganti entek.Sira Sunetogake, dadi awu ana ing bumiana ing ngarepe kabeh kang ndeleng sira.
19 Kabeh wong ing antarane para bangsa kang wanuh marang sirapadha kaget nyumurupi kaananira.Wekasaning uripira nukulake pagiristuwin sira sirna ing salawas-lawase.”
20 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
21 “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Sidon lan medhara wangsit nglawan marang nagara iku sarta kandhanana:
22 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Sidon, tuwin Ingsun ngatingalake kamulyaningSun ana ing tengah-tengahira. Apadene wong-wong bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, samangsa Ingsun ndhawahake paukuman marang Sidon lan nedahake kasuceningSun marang dheweke.