Yeheskiel 28:20-26 JAV

20 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

21 “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Sidon lan medhara wangsit nglawan marang nagara iku sarta kandhanana:

22 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Sidon, tuwin Ingsun ngatingalake kamulyaningSun ana ing tengah-tengahira. Apadene wong-wong bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, samangsa Ingsun ndhawahake paukuman marang Sidon lan nedahake kasuceningSun marang dheweke.

23 Ingsun bakal ndhatengake pageblug ana ing Sidon tuwin getih bakal wutah ana ing dalan-dalane sarta wong-wong bakal ambruk mati ana ing satengahe, marga kena ing pedhang kang teka saka ing sakubenge kang nglawan marang dheweke. Temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.

24 Apadene turune Israel ora bakal padha karemehake maneh dening wong saka ing sakiwa-tengene kabeh, kang dadi eri kang nyubles utawa sujen kang nglarani. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.

25 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing nalikane Ingsun nglumpukake turune Israel saka ing satengahe suku-suku bangsa, kang padha diparani rikala kabuyarake tuwin Suntedahi kasuceningSun ana ing ngarepe para bangsa, banjur bakal padha manggon ana ing tanahe kang wus Sunparingake marang abdiningSun Yakub.

26 Anggone manggon ana ing kono bakal kalawan tentrem; bakal padha mbangun omah lan gawe kebon anggur. Malah padha manggon kalawan ayem tentrem ing nalikane Ingsun ndhawahake paukuman marang sakehing tanggane kang padha ngremehake. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah Allahe.”