5 Marga saka bangeting pinterira dedagangankasugihanira dadi akehlan iku njalari sira banjur gumunggung.
6 Milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:Sarehne atinira rumangsa padha karo Gusti Allah,
7 mulane, lah Ingsun nimbali wong mancasupaya nglawan marang sira,yaiku bangsa kang ambek siya dhewe,kang bakal ngunus pedhange,banjur merangi kawicaksananira kang pinuji ikulan kamulyanira bakal dinajisake.
8 Sira kang pinatenanana ing tengahing samodrabakal diudhunake marang ing luwangan kuburan.
9 Apa sira isih bakal celathuana ing ngarepe kang mateni sira,ana ing tangane kang nuwek sira:Aku iki Allah?Mangka sira iku manungsa, dudu Allah.
10 Sira bakal mati dening wong mancakayadene wong kang ora tetak.Sabab Ingsun kang mangandikakake iku, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”
11 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: