1 Ing taun kang kaping sapuluh, tanggal rolas ing sasi kasapuluh ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Pringon, raja Mesir lan nglairna pameca nglawan ratu iku lan saindenging tanah Mesir.
3 Sira celathua lan tutura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Pringon, raja Mesir, baya gedhe kang ngglongsor ana ing satengahe cawangan-cawanganing bengawanira, yaiku bengawan Nil sarta kang celathu: Bengawan Nil iku kagunganingsun, ingsun kang gawe.
4 Uwangira bakal Sunetrapi ganthol, iwak-iwak ing cawanganing bengawanira Nil bakal Sunkraketake ing sisikira. Sira dalah iwak kang padha kraket ing sisikira bakal Sunsendhal metu saka ing satengahe cawanganing bengawanira