7 ing nalika padha nyekel sira kalawan tangan, sira banjur putung lan natoni pundhake wong mau kabeh; lan nalika padha sendhen marang sira, sira nuli putung sarta wong-wong mau banjur padha gloyoran kabeh.
8 Milanipun makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndhatengake pedhang kang nglawan marang sira, tuwin kang nyirnakake manungsa lan kewan kang ana ing sira,
9 satemah tanah Mesir banjur dadi sepi mamring lan dadi reruntuhan. Ing kono banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.Ing sarehne sira celathu: Bengawan Nil iku ingsun kang kagungan, ingsun kang gawe,
10 mulane lah Ingsun dadi mungsuhira lan mungsuhe cawanganing bengawanira sarta tanah Mesir bakal Sundadekake reruntuhan lan sepi mamring wiwit saka ing Migdol nganti tekan ing Siene, malah nganti tekan ing tapel-watese tanah Etiopia.
11 Ora ana wong siji-sijia kang bakal liwat ing kono, malah kewan siji wae iya ora, sarta tanah iku bakal ora dienggoni lawase patang puluh taun.
12 Tanah Mesir bakal Sundadekake sepi mamring ana ing satengahe nagara-nagara kang wus kamusnakake lan kutha-kuthane bakal sepi mamring ana ing satengahe kutha-kutha kang wus kagempur lawase patang puluh taun. Wong Mesir bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar, marang ing sakehing nagara.
13 Amargi makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing wekasane patang puluh taun mau para wong Mesir kang sumebar ana ing satengahe para bangsa iku bakal Sunklumpukake.