24 Nanging aku banjur kapanjingan ing roh; aku diadegake. Panjenengane nuli ngandika marang aku mangkene: “Sira muliha, lumebua ing omahira sarta kancingen lawange.
25 Lah sira, he anaking manungsa, bakal katlikung kalawan tali lan bakal kabanda, satemah sira ora bisa nekani ana ing satengahe wong-wong mau,
26 apadene ilatira bakal Sundadekake kraket ing cethakira, satemah sira dadi bisu lan ora bakal bisa melehake wong-wong iku, awit iku jinis kang awatek mbalela.
27 Nanging manawa Ingsun ngandikan kalawan sira, cangkemira bakal Sunbikak lan sira bakal ngandhani wong-wong mau mangkene: Mangkene iki pangandikane Pangeran Yehuwah. Sing sapa gelem ngrungokake, cikben ngrungokake; lan sing sapa emoh ngrungokake, cikben ora ngrungokake, amarga wong-wong iku jinis kang awatek mbalela.”