5 Dene anggonira kautus iku ora marani bangsa kang basane ora mangretekake lan alot ilate, nanging marani bangsa Israel;
6 dudu bangsa akeh kang basane nyleneh lan kang alot ilate, kang tembung-tembunge sira ora mangreti. Saupama sira Sunutus nemoni bangsa kang mangkono, iku bakal ngrungokake sira.
7 Nanging turune Israel ora gelem ngrungokake sira, amarga ora gelem ngrungokake Ingsun, awit kabeh turune Israel iku bathuke atos lan atine wangkot.
8 Lah rainira Sundadekake atos kaya raine wong-wong iku sarta semangatira Sundadekake kuwat nglawan wangkoting atine.
9 Atinira Sunteguhake kayadene inten, kang atose ngungkuli watu; sira aja wedi marang wong-wong iku lan aja gumeter ndeleng raine, awit iku jinis kang awatek mbalela.”
10 Sabanjure pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, nggatekna lan nilingna kupingira marang sakehing pangandikaningSun marang sira.
11 Lungaa nemonana para wong buwangan, para kanca kang tunggal bangsa kalawan sira, rembugana lan kandhaa marang wong-wong iku mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah; sanadyan padha gelem ngrungokake apa ora.”