13 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngrisak para brahalane lan ngicali dewa-dewaning Memfis; tuwin ing tanah Mesir bakal ora ana panggedhene maneh sarta Ingsun bakal nuwuhake pagiris ana ing kana.
14 Ingsun bakal nyirnakake Patros lan nganakake geni ana ing Soan sarta ndhawahake paukuman marang Tebe.
15 Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang Sin, betenge Mesir lan nyirnakake kasugihane Tebe.
16 Ingsun bakal nganakake geni ana ing Mesir, Sin bakal gumeter apadene Tebe bakal karebut lan tembok-temboke bakal kabongkar.
17 Para nom-noman On lan Pi-Beset bakal padha ambruk dening pedhang tuwin para wong wadon bakal kaboyongan.
18 Ing Takhpanhes bakal ana pagowong ing wayah raina, yaiku ing nalikane Ingsun mepesake panguwasane Mesir ana ing kana lan anggone kumlungkung, kang marga saka kakuwatane, bakal sirna. Kutha iku bakal katutupan ing mendhung, dene anak-anake wadon bakal kaboyongan.
19 Sabanjure Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Mesir, temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”