18 Ing Takhpanhes bakal ana pagowong ing wayah raina, yaiku ing nalikane Ingsun mepesake panguwasane Mesir ana ing kana lan anggone kumlungkung, kang marga saka kakuwatane, bakal sirna. Kutha iku bakal katutupan ing mendhung, dene anak-anake wadon bakal kaboyongan.
19 Sabanjure Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Mesir, temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”
20 Nalika ing taun kang kaping sawelas, tanggal pitu sasi kapisan, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
21 “He, anaking manungsa, tangan kakuwatane Pringon, raja ing Mesir, wus Suntugel lan tangane iku ora kablebed supaya pulih maneh, ora ana kang mblebed supaya dadi kuwat maneh, lan bisa ngacungake pedhang.
22 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhe Pringon, raja ing Mesir, tuwin Ingsun bakal nugel tangane, kang isih kuwat sarta kang wus tugel, apadene bakal ndhawahake pedhang kang ana ing tangane.
23 Wong Mesir bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar menyang sakehing nagara.
24 Ingsun bakal nyantosakake tangane raja ing Babil lan bakal maringake pedhangingSun ana ing tangane, nanging tangane Pringon bakal Suntugel lan dheweke bakal ngadhuh-adhuh kaya wong kang tatu banget ana ing ngarepe.