22 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhe Pringon, raja ing Mesir, tuwin Ingsun bakal nugel tangane, kang isih kuwat sarta kang wus tugel, apadene bakal ndhawahake pedhang kang ana ing tangane.
23 Wong Mesir bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar menyang sakehing nagara.
24 Ingsun bakal nyantosakake tangane raja ing Babil lan bakal maringake pedhangingSun ana ing tangane, nanging tangane Pringon bakal Suntugel lan dheweke bakal ngadhuh-adhuh kaya wong kang tatu banget ana ing ngarepe.
25 Ingsun mesthi bakal nyantosakake tangane raja Babil, nanging tangane Raja Pringon bakal lemes. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun maringake pedhangingSun ing tangane raja ing Babil, kang tumuli kaacungake marang ing tanah Mesir.
26 Ingsun bakal mbuyarake wong Mesir ana ing antarane para bangsa lan nyebar wong-wong mau menyang ing sakehe nagara. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”