3 Dina iku wus cedhak, dinane Sang Yehuwah wus cedhak, dina mendhung kang peteng; iku dinane para bangsa.
4 Pedhang nekani Mesir lan Etiopia bakal gumeter ing nalikane wong-wong padha ambruk pinatenan ana ing Mesir tuwin kasugihane digawa mlayu sarta pandhemen-pandhemene padha kabongkar.
5 Wong Etiopia, Put, Lud, wong ing saidenging tanah Arab, wong Libia sarta para wong saka ing nagara kang sekuthon karo bangsa-bangsa iku bakal padha ambruk mati dening pedhang bebarengan.
6 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para wong kang padha mbiyantu Mesir bakal ambruk mati, tuwin kumlungkunge Mesir kang awit saka kakuwatane bakal sirna. Wiwit saka ing Migdol nganti tumeka ing Siene wong-wong bakal mati dening pedhang. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
7 Mesir bakal kasirnakake ana ing satengahe nagara kang wus padha sepi mamring lan kutha-kuthane bakal kagolong kutha kang wus padha rusak.
8 Ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku ing nalikane Ingsun nganakake geni ana ing Mesir satemah sakehing wong kang mbiyantu padha sirna.
9 Ing dina iku para utusaningSun bakal padha mangkat kalawan rerikatan prelu banjur gawe kagete Etiopia kang lagi seneng-seneng, temahan bakal padha gumeter ing dina tumibane paukuman tumrap Mesir; amarga iku nyata-nyata bakal kelakon.