6 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para wong kang padha mbiyantu Mesir bakal ambruk mati, tuwin kumlungkunge Mesir kang awit saka kakuwatane bakal sirna. Wiwit saka ing Migdol nganti tumeka ing Siene wong-wong bakal mati dening pedhang. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
7 Mesir bakal kasirnakake ana ing satengahe nagara kang wus padha sepi mamring lan kutha-kuthane bakal kagolong kutha kang wus padha rusak.
8 Ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku ing nalikane Ingsun nganakake geni ana ing Mesir satemah sakehing wong kang mbiyantu padha sirna.
9 Ing dina iku para utusaningSun bakal padha mangkat kalawan rerikatan prelu banjur gawe kagete Etiopia kang lagi seneng-seneng, temahan bakal padha gumeter ing dina tumibane paukuman tumrap Mesir; amarga iku nyata-nyata bakal kelakon.
10 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngicali kasugihane Mesir lumantar Nebukadnezar, raja ing Babil.
11 Panjenengane kalawan wadya-balane; yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal nyirnakake tanah iku lan bakal ngunus pedhang nglawan Mesir sarta bakal padha ngebaki tanah iku kalawan wong kang padha dipateni.
12 Ingsun bakal ngasatake cawanganing bengawan Nil sarta bakal masrahake tanah iku marang ing tangane wong ala, apadene bakal nyirnakake tanah iku dalah saisine lumantar bangsa liyan. Ingsun, Yehuwah, kang mangandikakake bab iku.