1 Ing taun kang kaping sawelas, tanggal siji sasi telu, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, anaking manungsa, sira tutura marang Pringon, raja ing Mesir lan marang sagolongane mangkene:Ing sajroning kamulyanirasapa kang bisa madhani sira?
3 Lah, sira Sunpadhakakekalawan wit eres ing Libanon,kang pange ngrempayak endah-endahlan kang godhonge ngrembuyung;wite dhuwur bangetpucuke nganti sundhul langit.
4 Kali-kali kang ndadekake gedhe,samodra agung ndadekake dhuwur,iku kang njalari kali-kali padha milingubengi panggonane ikulan kalen-kalen padha milimenyang ing sakehing wit-witan kang ana ing ara-ara.