Yeheskiel 31:11-17 JAV

11 mulane wus Sunulungake marang ing tangane wong kang kwasa ana ing antarane para bangsa, supaya kapatrapana kang salaras kalawan pialane; wus Suntundhung.

12 Wong-wong manca, yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal negor wit iku lan banjur kaetogake bae; pange kang gedhe-gedhe padha tiba ana ing gunung-gunung lan ing lembah-lembah sarta pange kang cilik-cilik padha sempal tiba ing dhasaring kaline nagara iku tuwin sakehing bangsa ing bumi padha lunga lumayu saka ing pangaubane, wit iku nuli kaetogake bae.

13 Sakehing manuk ing awang-awang padha mencok ing wit kang wus gumlimpang iku lan sakehing kewan ing alas padha manggon ing antarane pang-pange kang gedhe.

14 Kabeh iki kelakone supaya sakehing wit-witan ing sapinggiring banyu aja padha ngunggul-unggulake dhiri lan pucuke aja nganti kasundhulake ing langit sarta supaya wit-witan kang gedhe, yaiku kabeh kang nesep banyu akeh, aja padha nerusake anggone kumlungkung; amarga kabeh wus padha kaulungake marang pati, ing telenging bumi ing satengahe anak-anaking manungsa kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan.

15 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina tumurune marang ing jagading wong mati, samodra agung Sundhawuhi bela-sungkawa. Kali-kaline padha Sunendheg iline, satemah banyune kang gedhe banjur kabendung. Lan marga saka dheweke gunung Libanon Sundadekake manganggo bagor tuwin sakehe wit-witan ing alas Sundadekake alum lesu.

16 Para bangsa kang krungu gumebruging ambruke, padha Sundamel gumeter, yaiku ing nalikane Ingsun nglebokake dheweke menyang ing jagading wong mati, lan banjur nunggal kalawan kabeh kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan. Anadene sakehing wit-witan ing patamanan Eden, ing telenging bumi bakal rumangsa kalipur, yaiku wit-witan kang pinilih lan kang endah dhewe ing Libanon, kang nesep banyu akeh.

17 Iku uga padha melu mudhun bebarengan menyang ing jagading wong mati, yaiku para wong mati kang kena ing pedhang, lan kabeh kang padha manggon ing pangaubane ana ing satengahing bangsa-bangsa kang uga wus mati.