2 “He, anaking manungsa, sira tutura marang Pringon, raja ing Mesir lan marang sagolongane mangkene:Ing sajroning kamulyanirasapa kang bisa madhani sira?
3 Lah, sira Sunpadhakakekalawan wit eres ing Libanon,kang pange ngrempayak endah-endahlan kang godhonge ngrembuyung;wite dhuwur bangetpucuke nganti sundhul langit.
4 Kali-kali kang ndadekake gedhe,samodra agung ndadekake dhuwur,iku kang njalari kali-kali padha milingubengi panggonane ikulan kalen-kalen padha milimenyang ing sakehing wit-witan kang ana ing ara-ara.
5 Awit saka iku dhuwurengungkuli sakehing wit-witan ing ara-ara;pange kang cilik-cilik saya akeh,pange kang gedhe padha dadi dawamarga kaluberan ing banyu akeh.
6 Kang padha nusuh ana ing pange kang cilik-ciliksakehing manuk ing ngawang-awang,dene kang ana ing sangisoring pang-pang gedhekabeh kewan ing alas kang padha manak,sarta sakehing bangsa kang gedhepadha ngeyub ana ing sangisore.
7 Wit mau endah marga saka gedhenelan marga pange kang gedhe padha dawa-dawa;jalaran oyode padha nlosornganti tekan ing banyu kang agung.
8 Wit eres kang ana ing patamananing Allahora bakal padha bisa nandhingi,samono uga wit berosora bakal padha bisa madhani pang-pange kang cilik,sarta wit armon ora ana kang kena katandhingakekaro pang-pange kang gedhe.Sakehing wit-witan ing patamananing Allahora ana kang bisa katandhingakeing bab kaendahane.