13 Sakehe kewane bakal Sunsirnakakesaka ing pinggiring kali-kali gedhe;sikiling manungsa bakal ora mbuktekake manehlan ora ana kewan kang ngubeg-ubeg ing jerone.
14 Banyune banjur bakal Sunbeningake,kali-kaline bakal Sundamelkaya mili lenga.Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.
15 Samangsa Mesir Sundadekake sepi mamringkabeh isining nagara uga sirna,lan kabeh pendhudhuke wus Sunpateni,ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
16 Yaiki pangadhuh kang kudune kakidungake; para wanitane bangsa-bangsa bakal ngidungake iku; bakal padha ngidungake katujokake marang Mesir lan rakyate kabeh kang akeh iku. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”
17 Ing taun kang kaping rolas, tanggal limalas sasi kapisan ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
18 “He, anaking manungsa, sira ngadhuh-adhuha bab masyarakat ing Mesir, bebarengan karo para wanitaning bangsa-bangsa kang ngedab-edabi, golonganing wong Mesir iku padha cemplungna ing bumi kang ngisor dhewe, awor karo para wong kang wus mudhun marang ing luwangan kuburan.
19 Kaendahanira iku ngungkuli sapa? Sira mudhuna lan padha klemahana awor karo para wong kang ora tetak!