Yeheskiel 32:26-32 JAV

26 Mesekh lan Tubal padha ana ing kono dalasan kabeh rakyate kang akeh iku, kang padha ngupengi pakuburane; iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang mati dening pedhang, amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip.

27 Padha ora kakubur awor karo para prawira kang padha mati ing jaman biyen, kang padha mudhun marang jagade wong mati bebarengan karo sakehe gegamaning perang, kang pedhange nuli kadekek ing sangisore sirahe sarta tamenge katumpangake ing balung-balunge; amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip.

28 Sira bakal gumlinting ana ing satengahe para wong kang ora tetak, awor karo para wong kang padha mati dening pedhang.

29 Edom ana ing kono, para rajane lan kabeh panggedhene, kang padha dipapanake ing sacedhake para wong kang mati dening pedhang, sanadyan padha prakosa; padha diturokake sandhing wong-wong kang ora tetak lan wong-wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan.

30 Para panggedhe saka ing lor padha ana ing kono, kabeh iku lan sakehe wong Sidon, kang kalawan wirang padha mudhun lan awor karo para wong kang padha mati marga dipateni, sanadyan wus padha njalari girise wong-wong mau kalawan kakuwatane; iku padha diturokake ora kalawan ditetaki ana ing sacedhake wong-wong kang mati dening pedhang sarta padha nanggung kawirangane bebarengan karo wong-wong kang tumurun ing luwangan kuburan.

31 Pringon bakal ndeleng wong iku kabeh lan bakal rumangsa kalipur ing bab kaanane golongane kabeh. Pringon dalah wadya-balane mati dening pedhang. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

32 Ing sarehne Pringon wus nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, mulane diturokake ing satengahe wong-wong kang ora padha tetak, awor karo wong kang padha mati dening pedhang, Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”