3 Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah:Ingsun masang jaringingSun kanggo nyekel sira,lumantar paklumpukane bangsa akeh,lan sira Sunlebetake ing jalaningSun.
4 Sira Sunbanting ing bumi,Sununcalake menyang ing ara-ara;sakehing manuk ing awang-awangSundhawuhi mencok ana ing sirakewan-kewan ing salumahing bumiSunwaregi kalawan dagingira.
5 Dagingira Sunkendelake bae padha pating kacecer ana ing pagunungan,lembah-lembah padha Sunkebaki bathang-bathangira.
6 Bumi Sunombenigetihira kang mili,uga gunung-gunung,sarta dhasar-dhasaring kali bakal kebak getihira.
7 Samangsa Ingsun nyirnakake sira,langit bakal Suntutupilan lintange padha Sunpetengi.Srengenge Suntutupi mendhungdene rembulan ora bakal nyorotake sunare.
8 Kabeh kang sumunar ana ing langitbakal Sundadekake peteng marga saka sira.Pepeteng Sundhatengake marang sira.Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.
9 Ingsun bakal damel bingunging atine bangsa akeh, samangsa sira padha Sundadosake tawanan ana ing satengahe para bangsa, ana ing nagara-nagara, kang sira durung tau sumurup.