1 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, anaking manungsa, tutura marang mitra-mitranira tunggal bangsa lan kandhaa mangkene: Manawa Ingsun ndhatengake pedhang ana ing sawijining nagara lan wong-wong ing kono wus milih wong siji saka ing panunggalane kadadekake prajurit jaga
3 tuwin prajurit iki sumurup ana pedhang kang nekani nagarane, tumuli ngunekake slompret kanggo ngelingake marang bangsane,
4 manawa ana wong kang pancen krungu swaraning slompret iku, nanging emoh dielingake, satekane pedhang mau, dheweke mesthi kasirnakake sarta getihe tumempuh marang awake dhewe.