12 Anadene sira, he anaking manungsa, sira tutura marang para mitranira tunggal bangsa mangkene: Kamursidane wong mursid iku ora njalari slamete, samangsa wong iku nglakoni panerak; lan pialane wong ala ora njalari anggone kesandhung, samangsa wong iku nyingkiri pialane; lan wong mursid ora bisa urip marga saka kamursidane, samangsa nglakoni dosa.
13 Manawa Ingsun ngandika marang wong mursid: sira mesthi urip! -- mangka wong iku ngendelake kamursidane, lan banjur nglakoni piala, kabeh panggawene becik ora bakal kaetung, lan wong mau mesthi mati marga saka pialane kang katindakake iku.
14 Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi mati! -- nanging wong mau banjur nyingkiri pialane tuwin tumindak adil lan bener,
15 mbalekake gadhene wong, ngijoli barang rayahane, lakune manut pranatan-pranatan kang njalari urip, satemah ora nglakoni piala maneh, wong iku mesthi urip, ora bakal mati.
16 Sakehing dosa kang dilakoni ora bakal kaetung maneh; dheweke wus nglakoni kaadilan lan kabeneran, mulane mesthi bakal urip.
17 Ewadene para mitramu tunggal bangsa padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Mangka satemene tumindake wong-wong iku kang ora bener.
18 Saupama wong mursid ninggal kamursidane lan nglakoni piala, iku mesthi bakal mati marga saka pialane iku.