14 Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi mati! -- nanging wong mau banjur nyingkiri pialane tuwin tumindak adil lan bener,
15 mbalekake gadhene wong, ngijoli barang rayahane, lakune manut pranatan-pranatan kang njalari urip, satemah ora nglakoni piala maneh, wong iku mesthi urip, ora bakal mati.
16 Sakehing dosa kang dilakoni ora bakal kaetung maneh; dheweke wus nglakoni kaadilan lan kabeneran, mulane mesthi bakal urip.
17 Ewadene para mitramu tunggal bangsa padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Mangka satemene tumindake wong-wong iku kang ora bener.
18 Saupama wong mursid ninggal kamursidane lan nglakoni piala, iku mesthi bakal mati marga saka pialane iku.
19 Kosok baline manawa wong duraka ninggal durakane lan banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, mesthi bakal urip marga saka tumindake mau.
20 Ewasamono sira padha celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Ingsun kang ngadili sira kabeh, manut kalakuanira dhewe-dhewe, he para turune Israel.”