19 Kosok baline manawa wong duraka ninggal durakane lan banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, mesthi bakal urip marga saka tumindake mau.
20 Ewasamono sira padha celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Ingsun kang ngadili sira kabeh, manut kalakuanira dhewe-dhewe, he para turune Israel.”
21 Ing taun kaping sawelas, tanggal lima sasi sapuluh, sawuse aku kabeh padha kabuwang, aku katekan sawijining wong kang oncat saka Yerusalem, kang banjur celathu mangkene: “Kitha punika sampun teluk!”
22 Pangwaose Sang Yehuwah, nalika malem dina tekane wong kang oncat mau, wus nglimputi aku tuwin esuke ngarepake tekane wong kang oncat mau, Sang Yehuwah mbikak cangkemku. Cangkemku wus kabukak satemah aku wus ora bisu maneh.
23 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
24 “He, anaking manungsa, wong-wong kang manggon ing reruntuhan, yaiku ing tanah Israel, padha celathu: Nalika Rama Abraham kaparingan tanah iki dadi kagungane, panjenengane iku mung piyambakan bae; nanging aku kabeh iki gunggungku akeh, mulane tanah iki mesthi kaparingake marang kita dadi tanah pusaka.
25 Mulane sira tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha mangan daging sagetihe, sira uga tansah padha tumenga marang para brahalanira tuwin sira padha ngwutahake getih -- apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?