Yeheskiel 33:23-29 JAV

23 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

24 “He, anaking manungsa, wong-wong kang manggon ing reruntuhan, yaiku ing tanah Israel, padha celathu: Nalika Rama Abraham kaparingan tanah iki dadi kagungane, panjenengane iku mung piyambakan bae; nanging aku kabeh iki gunggungku akeh, mulane tanah iki mesthi kaparingake marang kita dadi tanah pusaka.

25 Mulane sira tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha mangan daging sagetihe, sira uga tansah padha tumenga marang para brahalanira tuwin sira padha ngwutahake getih -- apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?

26 Sira padha ngendelake pedhangira, sira padha nglakoni kanisthan, kabeh padha ngrusuhi bojone pepadhane -- apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?

27 Tutura marang wong-wong iku mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika: Demi Ingsun kang agesang, wong kang padha manggon ing reruntuhan bakal ambruk mati dening pedhang, tuwin wong-wong kang ana ing ara-ara bakal Sunpakakake marang kewan alasan, dene kang manggon ing beteng-beteng lan ing guwa-guwa bakal mati kena ing pageblug.

28 Tanah iki bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring, dene kumlungkunge, kang marga saka santosane bakal mari; gunung-gununge Israel bakal dadi sepi mamring, satemah ora ana wong kang wani liwat ing kono.

29 Ing kono wong-wong mau bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun nyirnakake tanah iki lan Sundadekake sepi mamring, marga saka sakehing panggawene kang nistha, kang padha katindakake.