Yeheskiel 33:6-12 JAV

6 Nanging manawa prajurit jaga mau sumurup tekaning pedhang, mangka ora banjur ngunekake slompret, dadine bangsane ora dielingake, satekane pedhang mau, nuli ana wong panunggalane kang disirnakake, sanadyan wong iki mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun bakal mundhut tanggung jawab bab nyawane wong iku marang kang jaga mau.

7 Dene sira, he, anaking manungsa, sira Sundadekake penjagane para turune Israel. Samangsa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha elingna atas asmaningSun.

8 Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: He, wong duraka, sira mesthi mati -- sira ora kandha apa-apa kanggo ngelingake wong duraka iku supaya mratobat, -- wong iku mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun mundhut tanggung-jawab bab nyawane marang sira.

9 Nanging manawa sira ngelingake wong duraka iku supaya mratobat, nanging emoh mratobat, wong iku bakal mati marga saka durakane, nanging nyawanira slamet.

10 Sabanjure sira, he anaking manungsa sira tutura marang para turune Israel: Sira padha celathu mangkene: Panerak lan dosaku wus tumempuh marang aku kabeh, satemah aku padha tiwas; kapriye anggonku padha bisa lestari urip?

11 Sira tutura marang wong-wong iku: Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata, padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sira bakal padha mati, he para turune Israel?

12 Anadene sira, he anaking manungsa, sira tutura marang para mitranira tunggal bangsa mangkene: Kamursidane wong mursid iku ora njalari slamete, samangsa wong iku nglakoni panerak; lan pialane wong ala ora njalari anggone kesandhung, samangsa wong iku nyingkiri pialane; lan wong mursid ora bisa urip marga saka kamursidane, samangsa nglakoni dosa.