17 Sabanjure, he, sira wedhus-wedhusingSun, -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun bakal dadi hakim tumrap wedhus-wedhus iku, lan tumrap wedhus lanang kang gembel lan kang dudu gembel.
18 Apa durung cukup tumrap sira, sira padha ngentekake suket ing ara-ara kang becik dhewe iku? Apa sira isih arep ngidak-idak ara-ara liyane kalawan sikilira? Apa durung cukup sira ngombe banyu kang bening iku? Apa sira isih arep mbuthekake kekarene kalawan sikilira?
19 Apa wedhus-wedhusingSun kudune nyenggut suket kang wus sira idak-idak lan ngombe banyu kang wus sira buthekake kalawan sikilira?
20 Awit saka iku -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun piyambak bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus kang lemu lan kang kuru;
21 sarehne kabeh kang ringkih padha sira sodhog kalawan lambungira lan baunira sarta sira bijig kalawan sungunira, nganti padha sira srudug metu saka ing kandhang.
22 Mulane Ingsun bakal nulungi wedhus-wedhusingSun, supaya aja nganti dadi memangsan maneh, tuwin Ingsun bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus.
23 Ingsun bakal ngangkat sawijining pangon kanggo wedhus-wedhus iku, kang bakal ngengon, yaiku abdiningSun Dawud; iku kang bakal ngengon lan dadi pangone.