2 “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan para pangone Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku, marang pangon-pangon iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para pangone Israel, kang ngengon awake dhewe! Kudune rak wedhus-wedhuse kang diengon dening para pangon iku?
3 Sira padha ngombe susune, wulune sira gawe sandhangan, wedhus kang lemu sira beleh, nanging sira ora ngengon wedhus-wedhus iku.
4 Kang ringkih ora sira kuwatake, kang lara ora sira tambani, kang tatu ora sira blebed, kang kesasar ora sira gawa bali, kang ilang ora sira goleki, dene kang kuwat sira idak-idak kalawan sawenang-wenang.
5 Marga saka mangkono tumuli padha buyar, awit ora ana pangone, temah banjur padha dadi mangsaning sakehe kewan alas. Wedhus-wedhusingSun padha buyar
6 lan padha kesasar ana ing sakehing gunung lan ing sakehing tengger kang dhuwur-dhuwur, malah ana ing saindenging tanah kono wedhusingSun anggone padha buyar, ora ana wong siji-sijia kang mreduli utawa nggoleki.
7 Awit saka iku, he para pangon, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah:
8 Demi Ingsun kang gesang, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ing sarehne wedhus-wedhusingSun nyata-nyata dadi mangsaning sakehe kewan ing alas, marga ora ana pangone, jalaran para pangoningSun ora padha mreduli marang wedhus-wedhusingSun, nanging mung padha ngengon awake dhewe bae, dene wedhus-wedhusingSun ora padha diengon,