1 Tumuli aku dipangandikani dening Sang Yehuwah mangkene:
2 “He, anaking manungsa, sira madhepa marang ing pagunungan Seir, medhara wangsit nglawan iku
3 lan tutura mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun bakal dadi mungsuhira, he pagunungan Seir, lan Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan marang sira sarta bakal Sunsirnakake lan Sundadosake sepi mamring.
4 Ingsun bakal ndadosake kutha-kuthanira dadi reruntuhan tuwin sira bakal dadi sepi mamring, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
5 Ing sarehne atinira kadunungan rasa memungsuhan turun-tumurun lan sira ngulungake wong Israel dadi memangsaning pedhang ing dinane kasangsaran ing waktu tumibaning pangadilane kang wekasan,
6 mulane, demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira bakal Sundadekake getih lan bakal kaoyak dening getih; ing sarehne sira kaluputan marga ngilekake getih, mulane getih bakal ngoyak sira.