4 Ingsun bakal ndadosake kutha-kuthanira dadi reruntuhan tuwin sira bakal dadi sepi mamring, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
5 Ing sarehne atinira kadunungan rasa memungsuhan turun-tumurun lan sira ngulungake wong Israel dadi memangsaning pedhang ing dinane kasangsaran ing waktu tumibaning pangadilane kang wekasan,
6 mulane, demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira bakal Sundadekake getih lan bakal kaoyak dening getih; ing sarehne sira kaluputan marga ngilekake getih, mulane getih bakal ngoyak sira.
7 Ingsun bakal nyirnakake pagunungan Seir lan Sundadekake sepi mamring tuwin Ingsun bakal nyirnakake sapa kang teka lunga ing kono.
8 Pagunungane uga bakal Sunkebaki kalawan wong-wong kang mati marga dipateni. Wong-wong kang mati kena ing pedhang bakal padha ambruk ana ing tengger-tenggerira, ing lembah-lembahira lan ing dhasar-dhasaring kalinira.
9 Sira bakal Sundadekake sepi mamring ing salawas-lawase tuwin kutha-kuthanira ora bakal dienggoni maneh. Ing kono sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
10 Ing sarehne sira celathu: Bangsa loro lan nagara loro iku bakal dadi duwekku lan kita kang bakal nduweni -- mangka sanyatane Sang Yehuwah ana ing kono --