10 Sira bakal Suniseni manungsa akeh, yaiku sagolongane turune Israel kabeh; kutha-kutha bakal dienggoni maneh sarta reruntuhan bakal kabangun maneh.
11 Sira bakal Suniseni manungsa lan kewan akeh, iku bakal padha wuwuh akeh lan padha bebranahan sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha dienggoni maneh kaya ing sakawit tuwin bakal nandukake kebecikan marang sira ngluwihi kang uwis-uwis, temah sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
12 Ingsun bakal damel manungsa padha teka lunga ana ing sira, yaiku umatingSun Israel; iku bakal padha ngenggoni sira lan sira bakal dadi tanah-pusakane tuwin sira ora bakal nyirnakake wong-wong iku maneh.
13 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong anggone ngrasani sira: Sira iku memangsa manungsa lan nyirnakake bangsanira --
14 mulane sira ora bakal mangsa manungsa maneh lan ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
15 Ingsun bakal damel, supaya wong ora ngrembug bab kawirangan kang tuwuh saka ing bangsa-bangsa tumrap sira sarta sira ora bakal ngrasakake panacading bangsa-bangsa maneh apadene sira ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
16 Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: