12 Ingsun bakal damel manungsa padha teka lunga ana ing sira, yaiku umatingSun Israel; iku bakal padha ngenggoni sira lan sira bakal dadi tanah-pusakane tuwin sira ora bakal nyirnakake wong-wong iku maneh.
13 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong anggone ngrasani sira: Sira iku memangsa manungsa lan nyirnakake bangsanira --
14 mulane sira ora bakal mangsa manungsa maneh lan ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
15 Ingsun bakal damel, supaya wong ora ngrembug bab kawirangan kang tuwuh saka ing bangsa-bangsa tumrap sira sarta sira ora bakal ngrasakake panacading bangsa-bangsa maneh apadene sira ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
16 Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
17 “He, anaking manungsa, nalika turune Israel padha manggon ana ing tanahe, padha najisake tanah iku kalawan solah tingkahe; kalakuane ana ing ngarsaningSun kayadene najise wong wadon kang lagi nggarap sari.
18 Mulane Ingsun banjur ngesokake dedukaningSun marga saka getih kang diwutahake ana ing tanah kono lan marga saka anggone najisake tanah iku kalawan brahala-brahalane.