16 Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
17 “He, anaking manungsa, nalika turune Israel padha manggon ana ing tanahe, padha najisake tanah iku kalawan solah tingkahe; kalakuane ana ing ngarsaningSun kayadene najise wong wadon kang lagi nggarap sari.
18 Mulane Ingsun banjur ngesokake dedukaningSun marga saka getih kang diwutahake ana ing tanah kono lan marga saka anggone najisake tanah iku kalawan brahala-brahalane.
19 Banjur padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa, satemah padha sumebar ana ing sakehing nagara. Padha Sunadili kang laras karo panggawene.
20 Ana ing ngendi bae ana ing satengahe bangsa-bangsa iku, padha najisake asmaningSun kang suci, marga padha dikandhakake: Jarene padha dadi umate Sang Yehuwah, lah kok padha diwetokake saka ing tanah kagungane!
21 Ingsun rumaos gerah ing panggalih, dene asmaningSun kang suci dinajisake dening turuning Israel ana ing satengahe para bangsa, kang padha ditekani.
22 Mulane turune Israel iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ora marga saka sira anggoningSun tumindak iku, he, turuning Israel, nanging marga saka asmaningSun kang suci kang sira najisake ana ing satengahe para bangsa kang padha sira tekani.