Yeheskiel 36:22-28 JAV

22 Mulane turune Israel iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ora marga saka sira anggoningSun tumindak iku, he, turuning Israel, nanging marga saka asmaningSun kang suci kang sira najisake ana ing satengahe para bangsa kang padha sira tekani.

23 Ingsun bakal nucekake asmaningSun kang luhur kang wus sira najisake ana ing satengahe para bangsa, kang sira najisake ana ing satengahe wong-wong iku. Satemah para bangsa bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing sangarepe para bangsa.

24 Ingsun bakal methuk sira kabeh saka ing antarane para bangsa lan nglempakake sira saka ing sakehing nagara; sira bakal padha Sunirid bali menyang ing tanahira.

25 Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.

26 Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar ana ing sajroning batinira sarta Ingsun bakal ngedohake saka ing sira atinira kang wangkot tuwin sira Sunparingi ati kang mbangun miturut.

27 RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun.

28 Sabanjure sira bakal padha manggon ana ing nagara kang wus Sunparingake marang leluhurira sarta sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahira.