29 Ingsun bakal ngluwari sira saka ing sakehing dosaning kanajisanira sarta Ingsun bakal nukulake gandum tuwin kang banjur Sundadosake akeh apadene Ingsun ora bakal ndhatengake pailan maneh marang sira.
30 Ingsun uga ngakehake wohing wit-witanira lan pametuning pategalanira, supaya aja nganti nandhang kawirangan maneh ana ing satengahe bangsa-bangsa marga saka keluwen.
31 Sabanjure sira bakal tansah padha kelingan marang kalakuanira kang ala tuwin tumindakira kang ora becik sarta sira bakal padha rumangsa enek ndeleng awakira dhewe marga saka sakehing kaluputanira lan panggawenira kang nistha.
32 Ora marga sira anggoningSun nindakake iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- iku supaya sira mangreteni. Sira padha rumangsaa isin lan cikben sira kaisin-isin marga saka kalakuanira, he, turune Israel.
33 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh.
34 Tanah kang wus suwe bera, bakal kagarap maneh, supaya aja tetep bera ana ing ngarepe sakehing wong kang liwat ing kono.
35 Nanging kosokbaline wong-wong bakal kandha: Tanah kang wus lawas bera iki saiki dadi kaya patamanan Eden lan kutha-kutha kang wus rusak sepi mamring lan wus dadi reruntuhan, saiki kaenggonan lan dadi beteng,