Yeheskiel 36:4-10 JAV

4 marga saka iku, he, gunung-gununge Israel, rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang dhasar-dhasaring kali lan lembah-lembah, marang reruntuhan kang sepi mamring lan marang kutha kang wus disuwungake, kang wus dadi rayahan lan cacadan tumrap kekarening para bangsa ing sakubenge,

5 marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mesthi bakal ngandika ing sajroning bentering panggalihingSun kang banget nglawan kekarening para bangsa lan nglawan saindenging Edom, kang nemtokake tanahingSun dadi duweke kalawan rasa bungah kang banget lan rasa ngremehake kang pandhes, satemah tanahingSun iku banjur dadi ebeke lan kena karayah nganti entek.

6 Mulane sira nglairna pameca bab tanah Israel lan celathua marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang dhasar-dhasaring kali lan lembah-lembah: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Lah Ingsun ngandika ing sajroning duka lan bentering panggalihingSun, amarga sira wus nandhang kawirangan kang tuwuh saka ing bangsa-bangsa.

7 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun supaos, manawa para bangsa ing sakubengira dhewe iku mesthi bakal nandhang kawirangane.

8 Anadene sira, gunung-gununge Israel, bakal metu trubusira maneh lan bakal metokake woh kanggo umatingSun Israel, marga bakal enggal padha bali.

9 PanggalihingSun bakal pulih becik maneh lan Ingsun bakal nggalih marang sira kabeh lan sira bakal padha kagarap lan kesebaran.

10 Sira bakal Suniseni manungsa akeh, yaiku sagolongane turune Israel kabeh; kutha-kutha bakal dienggoni maneh sarta reruntuhan bakal kabangun maneh.