1 Aku banjur kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah sarta Panjenengane nuli ngirid aku metu lumantar Rohe tuwin mapanake aku ana ing satengahing lembah, dene lembah iki kebak balung.
2 Panjenengane ngirid aku mubeng-mubeng ndeleng balung-balung mau, lah pancen akeh banget, padha pating slebar ana ing lembah kono: padha garing mekingking.
3 Panjenengane tumuli ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, balung-balung iki apa bisa diuripake maneh?” Aku munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka ingkang nguningani!”
4 Nuli aku dipangandikani: “Sira medhara wangsit tumrap balung-balung iki lan tuturana mangkene: He balung-balung kang garing, rungokna pangandikane Sang Yehuwah!
5 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang balung-balung iki: Ingsun nganjingi sira kalawan rohing kauripan, supaya sira urip maneh.