18 Ing kono manawa mitra-mitranira tunggal bangsa padha takon marang sira: Apa kowe ora gelem nerangake marang aku kabeh, apa tegese iki,
19 iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mundhut blabage Yusup -- kang ana ing tangane Efraim -- kalawan suku-suku Israel kang padha tetunggalan karo dheweke, lan Sungandheng karo blabage Yehuda, Sundadekake blabag siji ana ing astaningSun.
20 Sajrone sira nyekel blabag-blabag kang sira tulisi ana ing ngarepe wong-wong iku mau,
21 iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun nimbali para wong Israel saka ing satengahing bangsa-bangsa, kang padha ditekani, Sunklempakake saka ing ngendi-endi sarta bakal Sunirid menyang ing tanahe,
22 bakal Sundadekake bangsa siji ana ing tanahe, ana ing gunung-gununge Israel, tuwin raja siji kang bakal ngereh wong iku kabeh; banjur ora dadi bangsa loro maneh lan ora kabage dadi rong karajan maneh,
23 ora najisake awake maneh kalawan para brahalane lan dewa-dewane kang marakake najis sarta kalawan sakehe panerake. Nanging bakal padha Sunluwari saka ing sakehing panylewenge kang njalari dosane, apadene bakal padha Sunresiki satemah banjur bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahe.
24 AbdiningSun Dawud kang bakal dadi rajane lan wong-wong mau kabeh bakal mung duwe pangon siji sarta lakune bakal manut miturut ing pranatan-pranataningSun lan bakal padha nglakoni katetepaningSun kalawan setya.