Yeheskiel 37:6-12 JAV

6 Ingsun bakal maringi otot marang sira lan nukulake daging ana ing sira, Ingsun bakal nutupi sira kalawan kulit sarta paring marang sira rohing kauripan, supaya sira padha urip maneh. Sira banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

7 Aku banjur medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku; lan bareng aku wus mendhar wangsit, padha sanalika tumuli ana swara keprungu, swara pating kropyak, lah balung-balung mau padha ngumpul.

8 Sajrone aku ngawasake iku, lah aku nuli ndeleng otot-otot lan daging kang tumuwuh ing balung-balung mau, sawuse mangkono banjur katutupan ing kulit, nanging durung padha ambekan.

9 Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Sira medhara wangsit marang rohing kauripan iku, medhara wangsit, he, anaking manungsa, lan tutura marang rohing kauripan iku mangkene: He rohing kauripan, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tekaa saka ing keblat papat, wong-wong kang pinatenan iki padha sira damonana, supaya padha urip maneh!”

10 Aku nuli medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku. Rohing kauripan mau banjur lumebu ing wong-wong mau, temah banjur padha urip maneh lan padha ngadeg. Dadi wadya-bala kang akeh banget.

11 Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, balung-balung iki kabeh turune Israel. Lah wong-wong iku rak padha kandha dhewe: Balung-balungku wis padha dadi garing, aku kabeh wus ora duwe pangarep-arep, aku wus padha sirna.

12 Awit saka iku sira medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun mbikak kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun, lan Ingsun bakal ngirid sira menyang ing tanah Israel.