1 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, anaking manungsa, sira madhepa ngener marang Gog ing tanah Magog, yaiku maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal tuwin medhara wangsit nglawan dheweke,
3 sira tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal.
4 Sira bakal Sungered kalawan ganthol ing uwangira lan Sunbekta metu bebarengan kalawan wadya-balanira, yaiku bala jaranan, kabeh padha manganggo ganep, golongan gedhe kang nggawa tameng gedhe lan cilik sarta asikep pedhang.
5 Wong Persia, Etiopia lan Put padha mbarengi lakune, kabeh padha nyekel tameng lan nganggo topong;