1 Anadene sira, he anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan Gog lan tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal,
2 lan Ingsun bakal nggered lan nuntun sira sarta Ingsun bakal ndhatengake sira saka ing poncot lor lan ngirid sira menyang ing gunung-gununge Israel.
3 Ingsun bakal nggebag tanganira kang kiwa, temah gendhewanira mrucut lan panahira padha uwal saka ing tanganira kang tengen.
4 Sira bakal ambruk ana ing gunung-gununge Israel bebarengan karo wadya-balanira kabeh lan bangsa-bangsa kang padha mbiyantu sira, tuwin sira bakal Sunpakakake marang sawernane manuk-manuk galak lan marang kewan-kewan galak, dadia memangsane.