26 Wong-wong iku bakal lali marang kawirangane lan sakehe tumindake kang ora setya, kang dilakoni tumrap Ingsun samangsa wus bali manggon ing tanahe kalawan tentrem lan ora ana kang njalari wedine,
27 sarta sawuse Sunpundhut saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing tanahe mungsuh-mungsuhe tuwin Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang dheweke kabeh ana ing ngarepe para bangsa kang akeh.
28 Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, kang mbekta menyang ing tanah pambuwangan ing satengahe para bangsa lan kang nglempakake maneh ana ing tanahe tuwin kang ora marengake siji bae keri ana ing kana.
29 Ingsun ora nutupi pasuryaningSun maneh tumrap wong-wong iku, samangsa Ingsun ngesokake RohingSun marang turune Israel. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”