5 Lah ing sajabane padaleman ana temboke mubeng ngupengi padaleman iku. Astane priya mau nyepeng teken ukuran, kang dawane nem asta -- asta ing kene padha karo asta lumrah punjul satebah --. Priya mau nuli ngukur temboke, kandele sateken lan dhuwure sateken.
6 Bareng rawuh ing gapura kang marep mangetan, banjur minggah ing undhak-undhakane lan ngukur tlundhaging gapura tinemu ambane sateken.
7 Nuli ngukur kamar panjagan, dawane sateken, ambane sateken, dene lete kamar panjagan siji lan sijine ana limang asta. Tlundhaging gapura ing sisih jero, kang cedhak karo bangsaling gapura iku sateken.
8 Tumuli ngukur bangsaling gapura: wolung asta,
9 lan sakehing temboke rong asta; bangsal iku ana ing sisih njero.
10 Ing sakiwa-tengene gapura ing sisih wetan mau ana kamare panjagan telu-telu kang ukurane padha, dene sakane tembok ing sisih loro-lorone ukurane iya padha.
11 Banjur ngukur plonging gapura: ambane sisih njero sapuluh asta lan ambane sisih njaba telulas asta.