9 lan sakehing temboke rong asta; bangsal iku ana ing sisih njero.
10 Ing sakiwa-tengene gapura ing sisih wetan mau ana kamare panjagan telu-telu kang ukurane padha, dene sakane tembok ing sisih loro-lorone ukurane iya padha.
11 Banjur ngukur plonging gapura: ambane sisih njero sapuluh asta lan ambane sisih njaba telulas asta.
12 Peranganing ngarep kamar-kamar panjagan mau ing sisih kiwa tengen ana temboke let-letan, ambane saasta. Dene ukurane kamar panjagan iku alang-ujure ngenem asta.
13 Nuli ngukur gapura mau, wiwit temboke mburi kamar panjagan kang siji tekan temboke mburi kamar panjagan sijine, ngliwati lawanging let-letan loro-lorone: ambane selawe asta.
14 Bangsaling gapura uga kaukur: rong puluh asta; ing sakubenge bangsal iku ana platarane.
15 Wiwit ngarep gapura ing njaba nganti tekan bangsal sisih njero: seket asta.