15 Sawuse mangkono Panjenengane banjur ngukur dawane gedhong kang ana ing plataran tutupan ing sisih kulon karo emper-empere ing sisih kiwa tengene, iku ana satus asta.Bangsal-agung, bangsal njero lan pandhapane
16 tinutupan ing blabag lan ing sakubenge bangsal telu iku ana cendhela-cendhelane kang mawa klambu, empere uga ana. Ing ngareping tlundhage Padaleman Suci iku kabeh katutupan blabag wiwit ing jrambahe nganti tekan ing cendhela-cendhelane -- cendhela-cendhelane iku padha katutupan --
17 malah nganti tekan ing sadhuwuring lawang lan bangsal njero sarta uga ing njaba. Temboke perangan njero lan perangan njaba kabeh
18 rinengga ing gambar-gambar kerub lan wit kurma ukir-ukiran, ing antarane kerub loro wite kurma sauwit, sarta kerub iku raine loro,
19 kang siji arupa rai manungsa, sijine raining singa kang madhep marang wit kurma; kaya mangkono iku anggone Padaleman Suci mau kayasa.
20 Wiwit ing jrambah nganti tekan ing sadhuwuring lawang temboke rinengga ing kerub lan wit kurma ukur-ukiran.
21 Saka-sakaning lawange bangsal-agung pesagi. Lan ing sangarepe papan Sucining Suci katon ana rerupan kang memper misbyah kayu,