17 malah nganti tekan ing sadhuwuring lawang lan bangsal njero sarta uga ing njaba. Temboke perangan njero lan perangan njaba kabeh
18 rinengga ing gambar-gambar kerub lan wit kurma ukir-ukiran, ing antarane kerub loro wite kurma sauwit, sarta kerub iku raine loro,
19 kang siji arupa rai manungsa, sijine raining singa kang madhep marang wit kurma; kaya mangkono iku anggone Padaleman Suci mau kayasa.
20 Wiwit ing jrambah nganti tekan ing sadhuwuring lawang temboke rinengga ing kerub lan wit kurma ukur-ukiran.
21 Saka-sakaning lawange bangsal-agung pesagi. Lan ing sangarepe papan Sucining Suci katon ana rerupan kang memper misbyah kayu,
22 dhuwure telung asta, dawane rong asta; pojok-pojoke lan dhasare sarta gebyog-gebyoge kang digawe kayu. Panjenengane nuli ngandika marang aku: “Iki meja kang ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.”
23 Bangsal-agung iku inebing lawange loro tuwin papan Sucining Suci