23 Bangsal-agung iku inebing lawange loro tuwin papan Sucining Suci
24 inebing lawange uga loro: Ing lawang-lawang kono ana inebe loro kang bisa mubeng; loro dumunung ing lawang kang siji lan loro dumunung ing lawang sijine.
25 Lawang-lawang iki, yaiku lawang-lawanging bangsal-agung, rinengga ing kerub lan wit kurma ukir-ukiran kaya tembok-temboke. Ing sangarepe Padaleman Suci mau, yaiku ing jaba ana undhak-undhakane kayu.
26 Ing tembok sisih kiwa tengene pendhapa ana cendhela-cendhelane kang mawa klambu lan wit kurma ukir-ukiran.